Apocalipsis 9
Kitab sutyi prejanjian anyar ing Basa Jawa Suriname sing gampang · Toca un versículo para ver sus referencias cruzadas.
Trompèt sing lima
1Mulékat sing nomer lima terus ngunèkké trompèté. Aku terus weruh ènèng lintang tiba sangka langit nibani bumi. Lintang mau éntuk kuntyiné lawangé jurang. 2Kadung lawangé dibukak, terus ènèng kebul metu sangka jurang mau, kaya kebulé pawon gedé. Sloroté srengéngé lan awang-awang malih peteng, jalaran sangka kebul mau. 3Sangka kebul mau terus ènèng walang okèh pada metu lan niba nang bumi. Walang-walang mau éntuk pangwasa, malih bisa ngentup kaya kalajengking. 4Walang-walang mau pada dipenging ngrusak suket apa wit-witan lan tetukulan liya-liyané nang bumi, kejaba namung manungsa sing nang batuké ora ènèng tyapé Gusti Allah. 5Walang-walang mau ora dililani matèni manungsa, nanging namung ngajar waé nganggo rasa lara. Rasa lara mau suwéné limang sasi lan rasané kaya nèk dientup kalajengking. 6Sakjeroné limang sasi mau wong-wong njaluk mati waé sangking larané, nanging ora bisa. Pada kepéngin mati, nanging malah diedohi karo pati.
7Rupané walang-walang mau kaya jaran sing tata-tata arep perang. Nang endasé ènèng kaya makuta emas. Rainé kaya rai manungsa. 8Wuluné kaya rambuté wong wédok lan untuné kaya untu singa. 9Dadané kaya ditutupi wesi lan swarané swiwiné gemruduk kaya swarané grobak perang ditarik karo jaran pirang-pirang. 10Walang-walang mau nduwé buntut lan entup kaya entupé kalajengking. Nang buntuté ènèng kekuwatané kanggo nglarakké manungsa limang sasi suwéné. 11Walang-walang mau nduwé ratu, yakuwi mulékat penggedéné jurang peteng. Ing basa Ibrani jenengé Abadon, ing basa Grik Apolion, tegesé tukang ngrusak.
12Kasangsaran sing sepisan wis klakon. Ijik ènèng kasangsaran loro menèh.
Trompèt sing nenem
13Mulékat sing nomer nenem terus ngunèkké trompèté. Aku terus krungu swara sangka altar emas sing nang ngarepé Gusti Allah. 14Sangka pojoké papat kuwi aku krungu swara ngomong ngéné marang mulékat sing nomer nenem sing nyekel trompèt mau: “Mulékat papat sing pada kebanda nang sak tyedeké laut Efrat utyulana.” 15Mulékat papat mau terus diutyuli. Kuwi mulékat sing wis dityawiské kanggo matèni sak prateluné manungsa sing jamé, dinané, sasiné lan tauné wis ditengeri. 16Aku krungu tyatyahé soldat sing numpak jaran, rong atus mliyun. 17Ing pamedaran kuwi aku weruh jaran-jaran lan sing pada numpaki. Sing pada numpak mau nganggo salin wesi sing rupané abang mbranang lan biru kaya hiyasin lan kuning kaya lirang. Endasé jarané kaya endas singa lan tyangkemé metu geniné, kebul lan lirang. 18Sak prateluné manungsa pada dipatèni karo memala telu, yakuwi geni, kebul lan lirang sing metu sangka tyangkemé jaran-jaran mau. 19Kekuwatané jaran-jaran kuwi nang tyangkemé lan nang buntuté, awit buntuté kaya ula ènèng endas-endasé. Jaran-jaran mau ngrusak manungsa nganggo buntut-buntuté.
20Nanging turahané manungsa, sing ora dipatèni nganggo memala telu mau, pada ora ninggal penggawéné ala. Ora pada mari enggoné nyembah marang para demit lan brahala-brahala gawéan emas, selaka, brons, watu apa kayu sing ora bisa weruh, krungu apa mlaku. 21Uga ora pada mari enggoné pada mematèni, nglakoni èlmu pepeteng, laku bédang lan nyenyolong.
¿Sabías que…?
El abismo, el destructor y el Éufrates
- En Apocalipsis 9, las langostas son gobernadas por el ángel del Abismo, llamado Abadón en hebreo y Apolión en griego. El Diccionario Bíblico de Easton (1897) explica el nombre hebreo como destrucción y el griego como destructor, y sugiere tomar la palabra como personificación de la idea de destrucción o como el Seol, el reino de los muertos. Señala que el término hebreo se traduce destrucción en Job y Proverbios, mientras que la Revised Version conserva Abaddon en los tres últimos de esos pasajes.Fuentes: el propio texto bíblico · Apollyon
- En Apocalipsis 9, la sexta trompeta suelta a cuatro ángeles atados junto al gran río Éufrates. El Diccionario Bíblico de Easton (1897) da el nombre hebreo Perath, el asirio Purat y la forma persa cuneiforme Ufratush, de la que procede el griego Éufrates; dice que el nombre griego significa agua dulce y el asirio, la corriente o la gran corriente. En las Escrituras, el río es a menudo simplemente el río o el gran río, nombrado como uno de los ríos del Paraíso y como límite de la tierra prometida a los descendientes de Abraham.Fuentes: el propio texto bíblico · Euphrates
- Apocalipsis 9 presenta la quinta trompeta como el primero de tres ayes. Sus langostas pueden atormentar a la gente durante cinco meses con un aguijón como el de un escorpión, pero no se les permite matar. Pasado ese ay, los caballos vistos en la sexta trompeta matan a un tercio de la humanidad con el fuego, el humo y el azufre que salen de sus bocas.Fuentes: el propio texto bíblico
Notas escritas con ayuda de IA a partir de fuentes abiertas (Theographic Bible Metadata, CC BY-SA 4.0; Easton’s Bible Dictionary, dominio público) y revisadas antes de publicarse.
Lugares de este capítulo
- Euphrates · Hoy: Euphrates River · 31.004, 47.442 · versículo 14
Solo aparecen lugares identificados con alta confianza (90 % o más según las fuentes académicas reunidas por OpenBible). Mapa de la época: DARE (Digital Atlas of the Roman Empire), CC BY 4.0; mapa actual: © colaboradores de OpenStreetMap; lugares: OpenBible.info (CC BY 4.0).
Créditos y licencia de esta traducción
Kitab sutyi prejanjian anyar ing Basa Jawa Suriname sing gampang New Testament in Javanese, Caribbean (NS:jvn:Javanese, Caribbean) copyright © 2009 Wycliffe Bible Translators, Inc. Language: Javanese, Caribbean Translation by: Wycliffe Bible Translators, Inc. Javanese, Caribbean jvn Suriname Copyright Information © 2009, Wycliffe Bible Translators, Inc. All rights reserved. This translation text is made available to you under the terms of the Creative Commons License: Attribution-Noncommercial-No Derivative Works. ( http://creativecommons.org/licenses/by-nc-nd/3.0/ ) In addition, you have permission to port the text to different file formats, as long as you do not change any of the text or punctuation of the Bible. You may share, copy, distribute, transmit, and extract portions or quotations from this work, provided that you include the above copyright information: You must give Attribution to the work. You do not sell this work for a profit. You do not make any derivative works that change any of the actual words or punctuation of the Scriptures. Permissions beyond the scope of this license may be available if you contact us with your request. The New Testament in Javanese, Caribbean © 2009, Wycliffe Bible Translators, Inc. All rights reserved. This translation is made available to you under the terms of the Creative Commons Attribution-Noncommercial-No Derivatives license 4.0. You may share and redistribute this Bible translation or extracts from it in any format, provided that: You include the above copyright and source information. You do not sell this work for a profit. You do not change any of the words or punctuation of the Scriptures. Pictures included with Scriptures and other documents on this site are licensed just for use with those Scriptures and documents. For other uses, please contact the respective copyright owners. 2014-04-27
Fuente: http://ebible.org/jvnNT/ · eBible.org